Recent Comments

Merenungi Sebuah Arti Kehidupan 22 September 2009

Semestinya aku semakin tegar... Dengan susah hidup yang di kadokan padaku.

Misteri Hidupku wawan si kiyai mbeling 21 Oktober 2010

Wahai Alam Semesta…., Jagad Raya…, Bapa Angkasa…., Bumi Pertiwi.

Holiday in Sarangan 12 Juni 2012

Berjalan berteman bayangan ragawi

Anak Perantauan 30 Juni 2012

Aku seorang anak perantauan.

Mawar Merahku 21 Desember 2014

Ini adalah jawaban tentang semua pertanyaanmu.

Showing posts with label kejawen. Show all posts
Showing posts with label kejawen. Show all posts

Tuesday, 3 May 2016

Ngalamatake kedut


Ngalamat kedut

Lamun keduten :

1. Sarnaduning awak kabeh, arep ndeleng kaendahan.
2. Sirah, arep oleh dahulate ratu.
3. Embun - embunan, arep dadi mantri.
4. Bathuk tengen, arep oleh arta.
5. Bathuk kiwa, arep nemu suka.
6. Alis tengen, arep olih arta.
7. Alis kiwa, arep ketemu kekasihe.
8. Tlapukan mripat tengen nduwur, arep oleh arta.
9. Tlapukan mripat tengen ngisor, arep nemu kasusahan.
10. Tlapukan mripat kiwa ndhuwur, arep oleh kabecikan.
11. Tlapukan mripat kiwa ngisor, arep nangis.
12. Tadhahluh tengen, arep nangis.
13. Tadhahluh kiwa, luwar saka prihatin.
14. Papadoning mripat tengen, arep ninggali kekasihe.
15. Papadoning mripat kiwa, arep kasusahan.
16. Wrejilane mripat tengen, arep nangisi wong mati.
17. Wrejilane mripat kiwa, arep ninggali wong saka desa.
18. Pipi tengen, arep dipanggawe wong.
19. Pipi kiwa, arep ketemu kekasihe.
20. Irung sisih tengen, arep oleh arta kalal.
21. Irung sisih kiwa, arep ketemu kakasihe.
22. Lambe tengen nduwur, arep oleh srama ( pangan ).
23. Lambe tengen ngisor, arep kepenak awake.
24. Lambe kiwa nduwur, arep rasan karo sanake.
25. Lambe kiwa ngisor, arep oleh pegaweyan becik.
26. Tengah lambe nduwur, arep tukaran.
27. Tengah lambe ngisor, arep mangan enak.
28. Kuping tengen, arep ketemu sanake.
29. Kuping kiwa, arep nemu ujar becik.
30. Janggut tengen, arep dimumule wong agung.
31. Janggut kiwa, arep ketemu wong agung diparingi pegaweyan.
32. Gulu tengen, arep lara epeh.
33. Gulu kiwa, arep lara nanging gelis waras.
34. Pundhak tengen, krabate nemu lara.
35. Pundhak kiwa, arep dimumule wonng wadon.
36. Pundak kiwa tengen, arep lara.
37. Bau tengen, arep tukaran.
38. Bau kiwa, arep lara.
39. Geger tengen, ana wong teka utang duit.
40. Geger kiwa, arep nemu kabegjan.
41. Ula - ula, arep lara utawa susah.
42. Dhadha tengen, arep ketemu kekasihe.
43. Dhadha kiwa, arep weruh wanita ayu banget.
44. Dhadha ing tengah, arep oleh kabegjan.
45. Susu tengen, arep oleh arta.
46. Susu kiwa, arep katekan mantri.
47. Weteng tengen, arep olih rejeki akeh.
48. Weteng kiwa, arep oleh arta akeh.
49. Puser ( wudel ), arep oleh kanugrahing Allah.
50. Kekempong tengen, arep oleh wanita.
51. Kekempong kiwa, arep duwe anak.
52. Atine, arep oleh arta.
53. Tangan tengen utawa kiwa, arep oleh arta.
54. Epek - epek tengen, arep oleh arta.
55. Epek - epek kiwa, arep oleh babathen saka dol tinuku.
56. Lengen tengen, arep oleh rejeki.
57. Lengen kiwa, arep oleh arta.
58. Sikut tengen, atine nemu ora kepenak.
59. Sikut kiwa, arep oleh duduka.
60. Driji manis tangan tengen, arep oleh arta.
61. Driji manis tangan kiwa, arep oleh wanita.
62. Jenthik tangan tengen, arep dipupu wong.
63. Jenthik tangan kiwa, arep tinampan dening wong.
64. Sela - selaning driji tangan tengen, arep oleh seneng.
65. Sela - selaning driji tangan kiwa, arep kiasihan wong gedhe.
66. Jempol tangan tengen, arep oleh bojo becik.
67. Jempol tangan kiwa, arep oleh jodho.
68. Panuding tangan kiwa, arep kawirangan.
69. Panuding tangan tengen, arep oleh pagaweyan.
70. Panunggul tangan tengen, arep lara.
71. Panunggul tangan kiwa, arep susah.
72. Lambung tengen, arep nemu susah.
73. Lambung kiwa, arep muring - muring.
74. Bangkekan tengen,arep oleh kabecikan.
75. Bangkekan kiwa, arep nduweni asih marang wong liya.
76. Purus tengen, arep jimak.
77. Purus kiwa, arep dadi pangulu.
78. Bokong tengen, arep ana wong kang teka.
79. Bokong kiwa, sihing Allah arep teka.
80. Yen kang kaduten wanita, bokong tengen utawa kiwa, wanita mau arep oleh guru laki ( bojo ).
81. Pupu tengen, arep lumaku utawa tetemon karo wong wadon.
82. Pupu kiwa, arep ana wong anggawa arta. Yen lara ana wong anggawa tatamba.
83. Cicingklok tengen, arep dimumule wong.
84. Cicingklok kiwa, arep oleh arta.
85. Wentis tengen, arep tukaran.
86. Wentis kiwa, arep ketemu sanake.
87. Gares tengen, arep lulungan.
88. Gares kiwa, arep diundang wong.
89. Dlamakan tengen, arep nemu serik.
90. Dlamakann kiwa, arep diundang wong.
91. Sela - selaning driji sikil tengen, arep oleh gawe.
92. Sela - selaninh driji sikil kiwa, arep oleh jodho.
93. Sikil tengen utawa kiwa, arep oleh arta utawa karawuhan priyayi.
94. Wawadine, duwe karep ora bisa kawetu.
95. Jubur, nemu lara.
96. Gorokan tengen, arep nemu bebaya.
97. Gorokan kiwa, arep nemu kasusahan gedhe.
98. Githok tengen, arep nemu untung.
99. Githok kiwa, arep weweh.
100. Pagelangan tangan kiwa, arep kinasihan wong agung.
101. Pagelangan tangan kiwa, arep oleh wahyu becik.

Saturday, 22 August 2015

Panembahe Ati



TRI SILA
Panembahing ati lan cipta telung prakara marang Tripurusa

Sasanggeman gedhe kang perlu banget dilakoni ing saben dinane,yaiku:
1.       Eling
2.       Pracaya(piandel)
3.       Mituhu
ELING
Kang diarani eling,iku tegese: Bekti marang Pangeran kang Maha Tunggal(gusti allah). Dene keanane Pangeran kang Maha Tunggal iku sinebut Tripurusa, Tegese : Keaanan siji kang sipat tetelu, yaiku :
1.       Suksmo Kawekas (Pangeran Sejati),tembung Arab = Allah Ta’ala.
2.       Suksmo Sejati (Panutan Sejati = Panuntun Sejati = Guru sejati), Utusaning Pangeran.
3.       Roh Suci (Manungsa Sejati), iya jiwane manungsa kang sejati.
Wruhaniro, Manawa sasanggeman telung perkara mau satemene wus padha sira sanggemi, naliko sira arep tinitahake urip ing alam donya. Dene bisane eling iku alantaran tansah manembah kalayan pelenging ati kang wening lan suci.
Dene panembah iku eneng telung perkara
1.       Panembahe kawula marang Roh Suci( panembahe jiwa-jiwa kang isih mudha utawa ringkih, kaya kang wus padha dilakoni dening lumrahing wong awam).
2.       Panembahe Roh Suci marang Sukma Sejati( panembahe jiwa-jiwa kang wus dewasa).
3.       Panembahe Sukma Sejati marang Sukma Kawekas( panembahe jiwa-jiwa kang wus luhur budine).
Sumurupa mungguh nugrahane eling kang langgeng iku, bisa nuntuni sira marang watak weweka, yaiku nyilah-nyilahake kang bener lan kang luput, kang nyata lan kang dudu, kang langgeng lan kang owah gingsir. Samubarang tindak tanduk, kang sira lakoni ing saben dinane Manawa langgeng elingira mau, bakal ora pisah lawan weweka, najan kongsi tumeka ingdjelalah.

PRACAYA

                Sanadyan sawenehing golongan ana kang ngremehake marang bab pengandel, nangeng sak temene piandel iku dadi prabot kang wigati, utowo tali kang kuwat, kang bisa anggandheng rasa niro lawan kang sira benteni. Kapriye anggone Sang Guru Sejati (sukmo sejati) bakal biso mitulungi sira, Manawa sira ngangkah bisane oleh pitulungan saka panjenengane, sira kudu pracaya marang sang guru sejati, awit panjenengane iku pancen wus kinanthekake ing sira, supoyo dadi panutanira,panuntunira,iya furu Sejatinira. Wruhanira Manawa sejatinira (Roh Suci), iku siji klawan Sukma Sejati (Guru Sejati) lan Sukma Kawekas (Pangeran Sejati), dadi yen sira ora darbe pengandel,iku sira prasasat amedhot talirasa kang anggandeng sira lan panjenengane. Sumurupa, Manawa  ora ana piandel kang sntosa, ora bakal an a iling sih lan panguasa linuwih saka panjenengane. Mula upayanen kanti gunge piandel marang Panutanira Sejati mau, di kongsi biso ketemu aneng teleng batinira, supaya sira tansah ingayoman ing salawas-lawase, serta tansah tinuntun ing Panjenengane marang dalan kang bener, kongsi tumeka lan anjong ing gagayuhanira kang sanyata.
                Akeh wong kang ngucapake kawicaksanan: “ manungsa kudu pracaya marang diri pribadi.” Nangeng satemene akeh kang padha ora mangerti, endi kag di arani dhiri pribadi, lan kapriye dalane supaya manungsa tetep ngandel-kumandel marang dhirine priyangga. Kang akeh-akeh weruhe lagi marang dhirine kang ora langgeng, sinengguh iku kang dadi Panutan lan Penuntune Sejati.
                Satemene sejatinira iku Soroting Pangeran, lanpangeran iku tunggal kaanan lawan sejatinira,awit saka iku ora ana samubarang kang ora bissa sira lakoni, janji sira temen-temen wus bisa ketemu lawan Panuntunira kng Sejati,iya Gurunira kang sejati,amarga iya sukma Sejati mau kang bakal paring pituduh marang sira mungguh gawat rungsiting lakunira aneng dalaning kautaman, mula disantosa niyatira nganti kaya ngdeging gunung waja.

MITUHU

                Kang diarani mituhu, yaiku ngesthoake dawohe Pangeran, kang lumantar utusane, iya Sukma Sejati kang dadi panutan sera gurunira kang ssanyata. Satamene sakehe kuwajibanira kang akeh-akeh, iku ringkassane mung saprakara, yaiku; niyat anglakoni pakaryane Sang Guru Sejati. Sanadyan katekan prakara apa bae, ora kena babarpisan kelalen niyatira mau, amarga sajatine ora ana pakaryan utama kang tumiba ing sira, kang dudu pakaryane  Sang Guru Sejati, atas asmaning Pangeran kang Maha Agung. Marmane padha dilakonana ing sapandumira dhewe-dhewe kalayan talesih lan titi, supaya ing sabisa-bisa pakaryan mau kalaksanan kalawan sampuna.
                Aja sira kapingin age-age nandangi pakaryan gedhe, utawa ngrep-arep tekane pakaryan gedhe, amarga pakaryan gedhe iku arang tekane, kang mesti kerep sira sanding iku pakaryan kang cilik-cilik. Sira aja angremehake marang pakaryan kang cilik-cilik iku, sebab yen sira during kulino nandangi pakaryan kang gampang, kapriye anggonira bisa nandangi pakayran kang angel. Mulane samubarang kang tinemu aneng tanganira, lakonana kalawan temen-temen ing ati suci, atasna awit saka karsaning gusti, amarga ora ana pakaryan ing donya iki kang ora atas saka karsaning Pangeran, nadyan kang katone remeh pisan, siji-sijining wong padha anduweni kuwajiban dhewe-dhewe,kang bisa nyukupi marang kabutuhaning ngaurip, mulane sira aja rumangsa luwih luhur katimbang liyane, jalaran lakune urip iku pada samad-sinamadan siji lan sijine.
                Yen sira temen-temen mituhu marang Tuntunane Sang Guru Sejati, ora ana prakara kang bisa nyimpangake sira saka dalane kautaman, kang sira lakoni. Sanadyan ana godha rencana apa bae, kayata kasenengan utawa pakareman bab kadonyan, sira kudu tansah tetep pangambahira ing dalan kautaman mau, kanti mituhu marang tuntunane sang guru Sejati, niyat nglakoni kabeh piwulange. Iya piwulange iku mau kang sinebut dalaning kautaman kang sira liwati, mulane dalan mau kudu tunggal kaanan lawan  sira, luluh dadi sawijining dalem atinira,aja kongsi ana renggange sathithik-thithika.

Sejatine ora ana apa-apa, kang ana iku dudu alias ngapusi, pun tansah sami ngafirne.

Satuhu rahayu para kang rahayu ing budi