TRI SILA
Panembahing ati lan cipta telung prakara marang Tripurusa
Sasanggeman gedhe kang perlu
banget dilakoni ing saben dinane,yaiku:
1.
Eling
2.
Pracaya(piandel)
3.
Mituhu
ELING
Kang diarani eling,iku tegese:
Bekti marang Pangeran kang Maha Tunggal(gusti allah). Dene keanane Pangeran
kang Maha Tunggal iku sinebut Tripurusa, Tegese : Keaanan siji kang sipat
tetelu, yaiku :
1.
Suksmo Kawekas (Pangeran Sejati),tembung Arab =
Allah Ta’ala.
2.
Suksmo Sejati (Panutan Sejati = Panuntun Sejati
= Guru sejati), Utusaning Pangeran.
3.
Roh Suci (Manungsa Sejati), iya jiwane manungsa
kang sejati.
Wruhaniro, Manawa sasanggeman telung perkara mau satemene
wus padha sira sanggemi, naliko sira arep tinitahake urip ing alam donya. Dene
bisane eling iku alantaran tansah manembah kalayan pelenging ati kang wening
lan suci.
Dene panembah iku eneng telung perkara
1.
Panembahe kawula marang Roh Suci( panembahe
jiwa-jiwa kang isih mudha utawa ringkih, kaya kang wus padha dilakoni dening
lumrahing wong awam).
2.
Panembahe Roh Suci marang Sukma Sejati( panembahe
jiwa-jiwa kang wus dewasa).
3.
Panembahe Sukma Sejati marang Sukma Kawekas(
panembahe jiwa-jiwa kang wus luhur budine).
Sumurupa mungguh nugrahane eling kang langgeng iku,
bisa nuntuni sira marang watak weweka, yaiku nyilah-nyilahake kang bener lan kang
luput, kang nyata lan kang dudu, kang langgeng lan kang owah gingsir.
Samubarang tindak tanduk, kang sira lakoni ing saben dinane Manawa langgeng
elingira mau, bakal ora pisah lawan weweka, najan kongsi tumeka ingdjelalah.
PRACAYA
Sanadyan
sawenehing golongan ana kang ngremehake marang bab pengandel, nangeng sak
temene piandel iku dadi prabot kang wigati, utowo tali kang kuwat, kang bisa
anggandheng rasa niro lawan kang sira benteni. Kapriye anggone Sang Guru Sejati
(sukmo sejati) bakal biso mitulungi sira, Manawa sira ngangkah bisane oleh
pitulungan saka panjenengane, sira kudu pracaya marang sang guru sejati, awit
panjenengane iku pancen wus kinanthekake ing sira, supoyo dadi
panutanira,panuntunira,iya furu Sejatinira. Wruhanira Manawa sejatinira (Roh
Suci), iku siji klawan Sukma Sejati (Guru Sejati) lan Sukma Kawekas (Pangeran
Sejati), dadi yen sira ora darbe pengandel,iku sira prasasat amedhot talirasa
kang anggandeng sira lan panjenengane. Sumurupa, Manawa ora ana piandel kang sntosa, ora bakal an a
iling sih lan panguasa linuwih saka panjenengane. Mula upayanen kanti gunge
piandel marang Panutanira Sejati mau, di kongsi biso ketemu aneng teleng
batinira, supaya sira tansah ingayoman ing salawas-lawase, serta tansah
tinuntun ing Panjenengane marang dalan kang bener, kongsi tumeka lan anjong ing
gagayuhanira kang sanyata.
Akeh
wong kang ngucapake kawicaksanan: “ manungsa kudu pracaya marang diri pribadi.”
Nangeng satemene akeh kang padha ora mangerti, endi kag di arani dhiri pribadi,
lan kapriye dalane supaya manungsa tetep ngandel-kumandel marang dhirine
priyangga. Kang akeh-akeh weruhe lagi marang dhirine kang ora langgeng,
sinengguh iku kang dadi Panutan lan Penuntune Sejati.
Satemene
sejatinira iku Soroting Pangeran, lanpangeran iku tunggal kaanan lawan
sejatinira,awit saka iku ora ana samubarang kang ora bissa sira lakoni, janji
sira temen-temen wus bisa ketemu lawan Panuntunira kng Sejati,iya Gurunira kang
sejati,amarga iya sukma Sejati mau kang bakal paring pituduh marang sira
mungguh gawat rungsiting lakunira aneng dalaning kautaman, mula disantosa
niyatira nganti kaya ngdeging gunung waja.
MITUHU
Kang diarani mituhu, yaiku
ngesthoake dawohe Pangeran, kang lumantar utusane, iya Sukma Sejati kang dadi
panutan sera gurunira kang ssanyata. Satamene sakehe kuwajibanira kang
akeh-akeh, iku ringkassane mung saprakara, yaiku; niyat anglakoni pakaryane
Sang Guru Sejati. Sanadyan katekan prakara apa bae, ora kena babarpisan kelalen
niyatira mau, amarga sajatine ora ana pakaryan utama kang tumiba ing sira, kang
dudu pakaryane Sang Guru Sejati, atas
asmaning Pangeran kang Maha Agung. Marmane padha dilakonana ing sapandumira
dhewe-dhewe kalayan talesih lan titi, supaya ing sabisa-bisa pakaryan mau
kalaksanan kalawan sampuna.
Aja
sira kapingin age-age nandangi pakaryan gedhe, utawa ngrep-arep tekane pakaryan
gedhe, amarga pakaryan gedhe iku arang tekane, kang mesti kerep sira sanding
iku pakaryan kang cilik-cilik. Sira aja angremehake marang pakaryan kang
cilik-cilik iku, sebab yen sira during kulino nandangi pakaryan kang gampang,
kapriye anggonira bisa nandangi pakayran kang angel. Mulane samubarang kang
tinemu aneng tanganira, lakonana kalawan temen-temen ing ati suci, atasna awit
saka karsaning gusti, amarga ora ana pakaryan ing donya iki kang ora atas saka
karsaning Pangeran, nadyan kang katone remeh pisan, siji-sijining wong padha
anduweni kuwajiban dhewe-dhewe,kang bisa nyukupi marang kabutuhaning ngaurip,
mulane sira aja rumangsa luwih luhur katimbang liyane, jalaran lakune urip iku
pada samad-sinamadan siji lan sijine.
Yen
sira temen-temen mituhu marang Tuntunane Sang Guru Sejati, ora ana prakara kang
bisa nyimpangake sira saka dalane kautaman, kang sira lakoni. Sanadyan ana
godha rencana apa bae, kayata kasenengan utawa pakareman bab kadonyan, sira
kudu tansah tetep pangambahira ing dalan kautaman mau, kanti mituhu marang
tuntunane sang guru Sejati, niyat nglakoni kabeh piwulange. Iya piwulange iku
mau kang sinebut dalaning kautaman kang sira liwati, mulane dalan mau kudu
tunggal kaanan lawan sira, luluh dadi
sawijining dalem atinira,aja kongsi ana renggange sathithik-thithika.
Sejatine ora ana apa-apa, kang ana iku dudu
alias ngapusi, pun tansah sami ngafirne.
Satuhu
rahayu para kang rahayu ing budi
0 comments:
Post a Comment