Recent Comments

Tuesday 4 August 2015

Crito Wong Ndeso

Crito Jaman Cilik
Yen eleng jaman cilik’an ku, eleng bungahe ati guyup rukun gegojekan karo konco-konco, gupak awu,gupak lemah, gupak endut, cikikikan, mloyamlayu podo dolanan delik’an, adus kali, adus kalen, adus sumur kompan, yen rung surup rung mulih, teko omah di seblak koyok jaran.
Saiki jamane wis bedo bocah-bocah cilik wis ngaleh panggonan dolanan,kalen wis dadi got kebak sampah,lan wis ketutup gorong-gorong sawah wis meleh dadi omah lan bangunan,grumbul pring wis dadi grumbul iklan,tegalan wes dadi panggonane wong bakulan.
Yen di elenge-eleng bocah biyen iku dino dino ora enek sepine, tangi turu wis mlayu goleki koncone nganti di bengoki mbok’e kon dang adus, sarapan, mangkat sekolah. Semono ugo yen wis bali soko sekolah copot sepatu, ganti klambi, mangan banjur langsung budal mangkat golek’i koncone meneh. biasane sing paling suwi entenane mesti bocah wong tuwone galak utowo sing wong tuwone priyai, jalaran mesti di kon turu awan. Kadang di rewangi kucing2an disik karo wong tuwone yen wong tuwone wes turu lagi iso metu.
Dolanane bocah biyen iku ra enek sing bayar, umpomo tukuo yo murah murah. Kadang pas karo angon wedus ae yo di sambi dolanan, baisane dolanane uncalan arit udune suket sak rangkulan tangan sing arite iso ngadek lurus yo iku seng menang, yen wes bar podo bebarengan adus nang sumur kompan bar adus sikile mbesisik/busik.
Yen wis wayah musime kabeh panggonan serempak, wayah nekeran, wayah gambar wayang, wayah layangan, wayah gelang karet, wayah dilik-delikan, wayah kasti, wayah bal balan, wayah engkling, wayah tembak tembak’an, wayah gelang karet, wayah nekeran, wayah dolanan soko lempung halah akeh banget lan kreatif2 kulit jeruk iso dadi mobil-mobilan,Kertas iso dadi pesawat/motor mabur, lempung dadi robot-robotan, wit gedang dadi kapal-kapalan, pelepah’e iso dadi pedang-pedangan,,,,, haha lucu
Nyenengne banget gegojekan sak koncone, saben bocah ora gelem kari karo koncone crito crito kabar yen sak iki di arani gosib tapi yen jaman biyen mergo rung enek tv milase enek’o rung enek acara acara gosib, critone yo mung sekedar “kaelo, wingi aku” lan sak piturute. Ngono ae yen sing gak duwe crito mung meneng lan mlongo tok,
Ora mung cukup semono tok, nganti wayah wengi ae sek podo dolanan. Sing mbok-mbok rasan-rasan karo mbok-mbok tonggone, sing bapak-bapak jaduman karo udut-udutan, bocahe yen wis podo ramping sinau/ngaji mlumpuk podo playon dolanan delikan ning grumbulan,utowo nyuluh jangkrik ning tegalan.
Bocah biyen iku yen dolanan awan bengi ra enek lerene  durung mari yen durung enek salah siji sing di parani wong tuwone,papan panggonane yo ngolah ngalih poko’e ora nang omahe bapak’e seng galak utowo mbok’e seng crewet.yen bal balan golek platarane tonggone sing ombo bal’e bal plastik, yen di saduk banter mumbul ning duwur gendeng omahe wong seng galak wes mesti di umpah-umpah, tapi bocah jaman biyen iku ra duwe loro ati. Najan mari di umpah-umpah tetep ae ora gagas paling mung digawe crito sak koncone “wong iko loh gualak” ngono iku kadang enek seng sampek bal’e di cucuk arit,,,,,, wkwkwkwkwkwkw eleng seng jenenge “kamirun bapak’e keyok(suprapto)”
Bocah biyen iku isine mung seneng-seneg karo koncone ora koyo bocah sak iki, dolanan dewe ora ono bolone,yen arep ciblon morone nang kolam renang jaluk ngeter bapak’e, yen gegojekan lewat internet facebook’an, BBM’an, SMS’an. Gedene sok yo ngono kiu mesti wes podo tau ngerti to, wong seng nangdi-nangdi guyaguyu dewe, kadang yo enek koncone tapi gak omongan gak opo ngerti-ngerti podo guyu dewe-dewe, gendeng pokok’e wes podo kelangan roso srawung guyup rukun gayeng geguyonan,mikir senenge dewe lali tonggone,lili koncone amargo ket cilik’ane ora ngerti kekoncoan.

Wis lur cukup semanten critone JAMAN PANCEN WIS MALEH ORA ENEK SENG ISO DISALAHNE, TAPI SALAH YO SALAH NANGING MBOKYO’O OJO NEMEN-NEMEN NJOR KEBANGETEN.

0 comments:

Post a Comment