Recent Comments

Wednesday 5 August 2015

Pacobaning Wong Lanang

Pacobane Wong Lanang

Wes dudu rahasia maneh yen sejatine pacobane uripe wong lanang iku salah sijine wanito
Malah iso di arani yen ikumono wes dadi trah utowo “Gawan Bayi”
Kadang tresnane wong lanang marang wanito iku nglahke tresnane marang seng kuoso
Ora maido mergo wanito iku yo pancen widodari seng nyoto ning donyo.

Wanito : Wani Nindes Togog

Dudu perkora gede awake utowo kuat otote
Nanging mung cukup nganggo ayune, trisnone lan eluhing moto
wes iso gewe wong lanang mati kaku
Donyo bubar, Gunung jebluk, Segoro ambyar.

Wong lanang iku nadyan awake gede “Otot Kawat Balung Wesi”
Yen ora diesemi wanito seng di tresnani sedino wea
Awake Lemes ambekane Seseg Nggreges ora doyan Mangan.

Semono ugo yen di utus gustine(pangerane) wani mbantah njur semoyo,
Di utus isuk jare iseh podo ngantuk, Di utus awan jare lesu tak mangan disek
Di utus sore jare ngkon disik sek suwi wayahe, Di utus surup malah podo tipi ro udut-udutan
Di utus bengi jare lali keturon, Tapi yen bojone seng ngutus/ngakon
Langsung mbedal yok jaran ilang taline, Koyo sapi ucul keluhe
Yo kuwi seng jenenge TOGOK. “Seng rumongso meneng ae,karo ndongo mugo-mugo gak enek seng ngerti”.

Wanito iku iso dadi pengayom lan ademe keluargo
Tapi yen ora ngati-ngati njur  salah milih bakal dadekake keluargo koyo neroko
Swargane wong lanang kui ora liyo iyo wanito
Semono ugo nerokone iyo ora liyo wanito.

Mulu dulur sak kaumku kabeh podo di ati-ati
Swargo utowo neroko iku kabeh kowe dewe seng nentokno kuncine amung ihklas
Dadekno wanito omahe katresnan,pagere iman, lan suwargane bebrayan
Bojo siji yen di syukuri ora kurang,semono ugo bojo 5 yen mung nuruti nafsu ora cukup.

0 comments:

Post a Comment